Soal PTS SMP Kelas 8 Bahasa Jawa Semester 2 K13 Tahun 2022

Soal PTS/UTS Kelas 8 Bahasa Jawa Semester 2 - Penilaian Tengah Semester / PTS merupakan bentuk penilaian hasil belajar Peserta Didik selama setengah semester, baik semester gasal maupun semester genap. Selain PTS, bentuk penilaian lainnya adalah Penilaian Ulangan Harian, Penugasan, dan Penilaian Akhir Semester.

Berikut ini merupakan contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 8 SMP/MTs Semester 2 Tahun Pelajaran 2021/2022. Peserta Didik dapat menggunakan soal ini sebagai bahan tambahan untuk belajar sebelum menghadapi PTS. Selain itu, Guru juga dapat memanfaatkan contoh soal ini sebagai referensi dalam menyusun soal PTS yang akan dilaksanakan oleh Satuan Pendidikan masing-masing.




Soal PTS SMP Kelas 8 Bahasa Jawa Semester 2 K13 2021/2022



1. Struktur geguritan iku salah sijine kudu migunakake tembung sing mentes. Tembung mentes tegese...
A. Tembung sing mung waton
B. Tembung sing ora duwe makna
C. Tembung sing penak dirungokake
D. Tembung sing duwe makna kang jero


2. Kejaba tembung sing mentes, geguritan uga kudu duwe struktur migunakake basa rinengga. Dene sing dikarepake basa rinengga yaiku...
A. Basa kang angel dimangerteni
B. Basa kang ora kepenak dirungokake
C. Basa kang endah/penak dirungokake
D. Basa kang ora kepenak lan angel dimangerteni


Kanggo soal nomer 3

Nyi Rumpih
Awakmu wis ringkih
Mlaku senggoyoran krangkih-krengkih
Parandene atimu datan wigah-wigih
Kepengin anak dadi linuwih


3. Pethikan geguritan ing dhuwur isine...
A. Sanajan ringkih nanging tetep kepengin anake dadi wong linuwih.
B. Wong kang ringkih amarga anggone mlaku wis senggoyoran.
C. Atine ora wigah-wigih sanajan wis ringkih.
D. Wong sing wis ora bisa ngapa-ngapa.


Kanggo soal nomer 4-5

Awan bengi sliramu tansah tangisan
Tanpa kendhat nyuwun marang pangeran
Amrih panjaluke bisa katekan
Kanggo urip kang mung sepisan


4. Pethikan geguritan kasebut isine yaiku...
A. Nyritakake wong sing duwe panyuwunan/gegayuhan.
B. Nyritakake wong sing uripe mung tansah ndedonga.
C. Nyritakake wong sing urip sarwa kecukupan.
D. Nyritakake wong sing urip tansah seneng.


5. Tanpa kendhat ndedonga marang pangeran. Tembung “tanpa kendhat tegese”...
A. tanpa rekasa
B. tanpa pedhot
C. tanpa dilakoni
D. tanpa pepinginan


6. Ing ngisor iki sing ora kalebu jinising purwakanthi yaiku...
A. purwakanthi guru basa
B. purwakanthi guru swara
C. purwakanthi guru sastra
D. purwakanthi guru wilangan


7. Gawe geguritan supaya katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi guru sastra. Purwakanthi guru sastra yaiku...
A. vokal sing dibaleni
B. swara sing dibaleni
C. tembung sing dibaleni
D. konsonan sing dibaleni


8. Endahe geguritan bisa uga amarga nganggo purwakanthi guru basa. Purwakanthi guru basa yaiku...
A. ambaling vokal
B. ambaling ukara
C. ambaling tembung
D. ambaling konsonan


9. Purwakanthi kang runtut swarane/vokale diarani purwakanthi guru...
A. swara
B. sastra
C. wilangan
D. lumaksita


Kanggo soal nomer 10-11

Jaman geger aku ngungsi ketewer- tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti- ngerti ketiban ember
Alah bapak mbalung klapa
Ethok- ethok ora reti yen disapa


10. Pungkasaning pethikan geguritan ing dhuwur migunakake unsur geguritan kang awujud...
A. purwakanthi guru lagu
B. purwakanthi guru basa
C. purwakanthi guru swara
D. purwakanthi guru sastra


11. Alah bapak mbalung klapa
Ethok-ethok ora ngerti yen disapa
Pethikan geguritan kasebut kalebu unsur kang gawe endahing geguritan yaiku...
A. parikan
B. paribasan
C. wangsalan
D. cangkriman


12. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru sastra “s” yaiku...
A. Tuku tahu lan tempe ditaleni.
B. Saben esuk Sasa solat subuh.
C.Dewi duwe dara mabur dhuwur.
D. Wina wira-wiri kaya wong sing lagi bingung.


13. Ing ngisor iki ukara kang migunakake purwakanthi guru basa/lumaksita, kejaba...
A. Gunung Merapi, gunung ing lor Ngayoja.
B. Dadi bocah, dadia bocah sing manut karo wong tuwa.
C. Wis suwe ora ketemu, malah kowe saiki tambah bagus.
D. Klambi sing tak gawa iki meh padha karo klambine Dian.


14. Para warga gage gumregud gugur gunung.
Ukara ing dhuwur migunakake purwakanthi guru...
A. swara “ung”
B. swara “ur”
C. sastra “g”
D. sastra “p”


15. Yen menang aja banjur sewenang-wenang. Purwakanthi kang ana ing ukara kasebut yaiku...
A. purwakanthi swara “ang”
B. purwakanthi swara “en”
C. purwakanthi swara “ur”
D. purwakanthi swara “a”


Contoh Soal PTS SMP Kelas 8 Bahasa Jawa Semester 2 K13 2021/2022 di atas dapat di Download Disini.


Demikian informasi tentang Soal PTS SMP Kelas 8 Bahasa Jawa Semester 2 K13 2021/2022 yang bisa Sinau-Thewe.com bagikan, semoga ada manfaat didalamnya dan terima kasih.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Soal PTS SMP Kelas 8 Bahasa Jawa Semester 2 K13 Tahun 2022"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel