Soal PTS SMP Kelas 7 Bahasa Jawa Semester 2 K13 Tahun 2022

Soal PTS/UTS Kelas 7 Bahasa Jawa Semester 2 - Penilaian Tengah Semester / PTS merupakan bentuk penilaian hasil belajar Peserta Didik selama setengah semester, baik semester gasal maupun semester genap. Selain PTS, bentuk penilaian lainnya adalah Penilaian Ulangan Harian, Penugasan, dan Penilaian Akhir Semester.

Berikut ini merupakan contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 7 SMP/MTs Semester 2 Tahun Pelajaran 2021/2022. Peserta Didik dapat menggunakan soal ini sebagai bahan tambahan untuk belajar sebelum menghadapi PTS. Selain itu, Guru juga dapat memanfaatkan contoh soal ini sebagai referensi dalam menyusun soal PTS yang akan dilaksanakan oleh Satuan Pendidikan masing-masing.




Soal PTS SMP Kelas 7 Bahasa Jawa Semester 2 K13 2021/2022



1. Salah sawijining asil kasusastran modern kanggo ngetokake gagasan yaiku...
A. wayang
B. geguritan
C. lagu dolanan
D. tembang macapat


Kanggo soal nomer 2

GUGUR GUNUNG

Mangga para sedherek ing kampung
Sami nindakaken gugur gunung
Makarya mbangun rejaning kampung
Supados para warga mboten keduwung

Ayo para sedulur
Nanduri lemah kang subur
Amrih para warga urip akur
Kampunge dadi makmur

Gugur gunung iku minangka srana
Kanggo kumpule para warga
Njaga resiking desa
Kanggo makmure para warga


2. Geguritan kanthi irah- irahan Gugur gunung ing dhuwur isine yaiku...
A. Ngajak para warga kumpul- kumpul
B. Ngajak para warga sing tansah urip makmur
C. Ngajak para warga kanggo urip seneng- seneng
D. Ngajak dhateng para warga nindakaken gugur gunung


3. Tembung “gugur gunung” tegese padha karo...
A. gotong-royong
B. kumpul para warga
C. urip seneng-seneng
D. rapat para pemudha


Kanggo soal nomer 4-5

GOTONG ROYONG

Ayo...
Para kanca kadang wredha lan taruna Mumpung lagi gagat rahina
Hawa kang adhem aja kok gawe rasa
Makarya bebarengan kanggo rejaning bebrayan Nanging...
Siji kang kudu dieling
Sedya lan niat kudu sing suci
Yen tumandang kudu kanthi tulusing sti Gantinen rasa nggresula dadi suka


4. Manut geguritan ing dhuwur, masyarakat dijak gotong-royong ing wayah...
A. sore
B. esuk
C. awan
D. bengi


5. Wong gotong-royong iku siji kang kudu dieling yaiku...
A. ora kena ninggal tata krama
B. ora kena ngarep-arep opah
C. oleh karo nggresula
D. oleh karo sembrana


6. Ing ngisor iki sing ora kalebu tujuane gotong-royong yaiku...
A. Ngraketake paseduluran
B. Pagaweane cepet rampung
C. Pagawean kang abot dadi entheng
D. Bisa kumpul lan ngrasani tanggane


7. Pagawean kang abot datan karasa. Tembung “datan” tegese...
A. ora
B. melu
C. mesti
D. tansah


8. Ing ngisor iki sing ora kalebu jinising purwakanthi yaiku...
A. purwakanthi guru basa
B. purwakanthi guru swara
C. purwakanthi guru sastra
D. purwakanthi guru wilangan


9. Gawe geguritan supaya katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi guru basa/ lumaksita. Purwakanthi guru basa yaiku...
A. vokal sing dibaleni
B. swara sing dibaleni
C. tembung sing dibaleni
D. konsonan sing dibaleni


10. Endahe geguritan bisa uga amarga nganggo purwakanthi guru swara. Purwakanthi guru swara yaiku...
A. ambaling vokal
B. ambaling ukara
C. ambaling tembung
D. ambaling konsonan


11. Purwakanthi kang runtut konsonane diarani purwakanthi guru...
A. swara
B. sastra
C. wilangan
D. lumaksita


Kanggo soal nomer 12

RADEN AJENG KARTINI

Sanajan panjenengan wanita Nanging gelem rekasa Sanajan dipingit wong tuwa
Atine tetep mbela Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa Jejere wanita
Kudu tetep siyaga Ngowahi nasibe bangsa


12. Pungkasaning gatra ing pethikan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi guru...
A. swara “a”
B. swara “ta”
C. sastra “a”
D. sastra “ta”


13. Ing ngisor iki ukara kang tembung- tembunge migunakake purwakanthi sastra “t” yaiku...
A. Para warga gage gumregah Gugur gunung.
B. Sekolah golek ngelmu saben dina.
C. Sasa durung bisa masak usus.
D. Titus tuku tahu karo Tata.


14. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi swara “ar” yaiku...
A. Jajan bakso jaro soto.
B. Tuku buku cacahe wolu.
C. Entuk teri ing pinggir kali.
D. Samar-samar krungu swara saka kamar.


15. Kudu jujur yen kowe kepengin makmur.
Ukara kasebut migunakake purwakanthi guru...
A. basa
B. swara
C. sastra
D. lumaksita


Contoh Soal PTS SMP Kelas 7 Bahasa Jawa Semester 2 K13 2021/2022 di atas dapat di Download Disini.


Demikian informasi tentang Soal PTS SMP Kelas 7 Bahasa Jawa Semester 2 K13 2021/2022 yang bisa Sinau-Thewe.com bagikan, semoga ada manfaat didalamnya dan terima kasih.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

1 Response to "Soal PTS SMP Kelas 7 Bahasa Jawa Semester 2 K13 Tahun 2022"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel